RUWAT JAMAS TOSAN AJI (10)

SULUK PLENCUNG
(Kidung Rajah Rumaya - Kidung Reksawedha)
(Karya Rng. Ranggawarsita)

Tembang Sinom
1. Apuranen sun angetang, lelembut ing tanah Jawi, kang rumeksa ing nagara, para ratuning dhedhemit, agung sawabe ugi, yen apal sadayanipun, kena ginawe tulak, kinarya tunggu wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi tawa.

2. Kang rumiyin ing mbang wetan, Durganeluh Maospahit, lawan Raja Baureksa, iku ratuning dhedhemit, Blambangan winarni, awasta Sang Balabatu, kang rumeksa Blambangan, ButaLocaya Kediri, Prabu Yeksa kang rumeksa Giripura.

3. Sidakare ing Pacitan, Keduwang si Klentingmungil, Hendrajeksa, ing Magetan, Jenggala si Tunjungpuri, Prangmuka Surabanggi, ing Punggung si Abur-abur, Sapujagad ing Jipang, Madiyun sang Kalasekti, pan si Koreg lelembut ing Panaraga.

4. Singabarong Jagaraga, Majenang Trenggiling wesi, Macan guguh ing Grobogan, Kaljohar Singasari, Srengat si Barukuping, Balitar si Kalakatung, Buta Kroda ing Rawa, Kalangbret si Sekargambir, Carub awor kang rumeksa ing Lamongan.

5. Gurnita ing Puspalaya, Si Lengkur ingTilamputih, si Lancuk aneng Balora, Gambiran sang Kaladurgi, Kedunggede Ni Jenggi, ing Batang si Klewer iku, Nglasem Kalaprahara, Sidayu si Dandangmurti, Widalangkah ing Candi kayanganira.

6. Semarang Baratkatiga, Pekalongan Gunturgeni, Pemalang Ki Sembungyuda, Suwarda ing Sokawati, ing Tandes Nyai Ragil, Jayalelana ing Suruh, Buta Tringgiling Tanggal, ing Kendal si Gunting geni, Kaliwungu Gutuk-api kang rumeksa.

7. Magelang Ki Samaita, Dadung Awuk Brebes nenggih, ing Pajang Buta Salewah, Manda-manda ing Matawis,Paleret Rajeg-wesi, Kutagede Nyai Panggung, Pragota Kartasura, Carebon Setan Kaberi, Jurutaman ingkang aneng Tegallajang.

8. Genawati ing Siluman, KemandangWaringin-putih, si Kareteg Pajajran, Sapuregol ing Batawi, Waru SuliWaringin, ingkang aneng Gunung Agung, Kalekah Ngawang-awang, Parlapaardi Merapi, Ni Taluki ingkang aneng ing Tunjungbang.

9. Setan Karetek ing Sendang, Pamasuhan Sapu Angin, Kresnapada ing Rangkutan, Wandansari ing Tarisig, kang aneng Wanapeti, Malangkarsa namanipun, Sawahan Ki Sandungan, Pelabuhan Dudukwarih, Buta Tukang ingkang aneng Pelajangan.

10. Rara Amis aneng Tawang, ing Tidar si Kalasekti, Maduretna ing Sundara, Jelela ing ardi Sumbing, Ngungrungan Sidamurti, Terapa ardi Merbabu, Lirbangsan ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir, Aji Dipa ardi Kendeng kang den reksa.

11. Ing pasisir Buta Kala, Telacap Ki KalaSekti, Kala Nadah ing Tojamas, Segaluh aran si Rendil, Banjaran KiWesasi, si Korok aneng Lowange, gunung Duk Geniyara, Bok Bereng Parangtaritis, Drembamoa ingkang aneng Purbalingga.

12. Si Kreta Karangbolongan, Kedung Winong Andongsari, ing Jenu si Karungkala, ing Pengging Banjaransari, Pagelan kang winarni, aran Kyai Candralatu, ardi Kendali Sada, Ketek putih kang nenggani, Buta Glemboh ing Ngayah kajanganira.

13. Rara Denok aneng Demak, si Batitita neng Tubin, Juwal-pajal ing Talsinga, ing Tremas Kuyang nenggani, Trenggalek Ni Daruni, si Kuncung Cemarasewu, Kala-dadung Bentongan, si Asmara aneng Taji, Bagus-anom ing Kudus kayanganira.

14. Magiri si Manglar Munga, ing Gading si Puspakati, Cucuk Dandang ing Kartika, Kulawarga Tasikwedi, kali Opak winarni, Sangga Buwana ranipun, Pak Kecek Pejarakan, Cing-cing Goling Kalibening, ing Dahrama Karawelang kang rumeksa.

15. Kang aneng Warulandeyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng Roban, Pasujayan Udan riris, Widanangga Dalepih, si Gadung Kedung Garunggung, kang aneng Kabareyan, Citranaya kang neggani, Ganepura ingkang aneng Majaraga.

16. Logenjang aneng Juwana, ing Rembang si Bajulbali, si Londir ing Wirasaba, Madura Buta Garigis, kang aneng ing Matesih, Jaranpanolih ranipun, si Gober Pecangakan, Danapi ing Jatisari, Abar-abir ingkang aneng Jatimalang.

17. Arya Tiron ing Lodaya, Sarpabangsa aneng Pening, Parangtandang ing Kesanga, ing Kuwu si Ondar-andir, SetanTelaga pasir, ingkang aran si Jalilung, Kala Ngadang ing Tuntang, Bancuri Kala Bancuring, kang angreksa sukuning ardi Baita.

18. Rara Dungik Randu Lawang, ing Sendang Retna Pangasih, Buta Kepala Prambanan, Bok Sampur neng ardi Wilis, Raden Galanggang Jati, aneng ardi Gajah Mungkur, si Gendruk ingTalpegat, ing Ngembel Rahaden Panji, Pager Waja Rahaden Kusumayuda.

19. Si Pentul aneng Kacangan, Pecabakan Dodol Kawit, kalangkung kasektenira, titihane jaran panolih, kalacakra payung neki, larwaja kekemulipun, pan samya rinajegan, respati rajegewesi, cametine pat-upate ula lanang.

20. Sinabetaken mangetan, ana lara tekabali, tinulak bali mangetan, mangidul panyabet neki, ana lara tekabali, tinulak bali mangidul, ngulon panyabetira, ana lara teka bali,pan tinulak bali manggulon kang lara.

21. Mangalor panyabetira, ana lara tekabali, tinulak ngalor parannya, manginggil panyabet neki, ana lara tekabali, tinulak bali manduwur, mangisor panyabetnya, ana lara teka bali,pan tinulak bali mangandap kang lara.

22. Demit kang aneng Jepara, kalawan kang aneng Pati, kalangkung kasektenira, keringan samaning demit, ing NgremaTambaksuli, Yudapeksa ing Delanggu, si Kluntung ing Jepara, Gambir Anom aneng Pati, si Kecebung Kadilangu kang den reksa.

23. Rara Duleg ing Mancingan, Guwa Langse Raja Putri, kang rumeksa Parang Wedang, Raden Arya Jayengwesti, kabeh urut pasisir, kula warga Nyai Kidul, sampun pepak sadaya, para pramukaning demit, nungsa Jawa Pangeran kang rumeksa, Titi Tamat Angidung Rajah Rumaya".
----------------------------------------

ing Griya Japan '53.
Selasa Kliwon, 8 Sura Tahun Alip 1947
Previous
Next Post »